Mbalung Sumsum

Siti Marfuah. Salah satu teladan semangat belajar tanpa memandang usia. Terus belajar sampai mati.


السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
باسم الله الرحمن الرحيم، الحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ العَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، أَشْهَدُ اَنْ لَاإِلَهَ إِلاَّ اللهَ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ أَشْرَفِ الأَنْبِيَاءِ وَالمُرْسَلِيْن، سَيِّدِنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آَلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَجْمَعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ.

Poro pepunden, sesepuh, aji sepuh,
ingkang satuhu pono ing pamawas miwah lebdo ing pitutur

Poro pinisepuh soho sesepuh ingkang hanggung hamastuti
dumateng pepeoyaning kautaman ingkang pantes nampi pakurmatan

Poro pangenban pangembating projo satrianing nagari
ingkang minangka pandam-pandoming kawulo dasih.

Kunjuk panjenenganipun poro alim para –para ulama,
ingkang rinten dalu tansah sumanding kitap suci wahyuning ilahi,
pinangko panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuing budi.

Mboten katalumpen poro rawuh sedoyo ingkang tansah kawulo tresnani.

Sak derengipun kawulo, minongko perwakilan sangking Pondok Al-Qohar Pulon, Malangan, hangaturaken pidato, sumonggo tansah kawulo derekaken memujo lan memuji dhumateng Gusti ingkang hamurbeng dumadi, nuwun inggih ALLAH SWT ingkang tansah paring rahmat, taufik, hidayah sarto inayah ingkang tansah rumentah dumateng kulo panjenengan sedoyo, ing antawisipun nikmat sehat, sempat saha nikmat islam. Sahinggo kulo panjenengan sedoyo saged makempal silaturohmi wonten ing pahargyan agung prastowo punika.
Sholawat soho salam mugi tansah katur dumateng  nabi agung Muhammad  SAW ingkang  tansah kito tenggo-tenggo syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah.

Poro rawuh sedoyo ingkang minulyo
Pemuda masa depan inggih meniko pamudo ingkang remen dateng ilmu. Hambangun masa depan kanti ilmu. Noto diri, keluargo, masyarakat, agomo lan negoro kanti ilmu.  
اطلب العلم من المهد ال اللحد
Pados ngelmu awit lahir nganthos mbenjang melbet liangipun kubur. Meniko prinsip pemuda masa depan.

Poro rawuh sedoyo ingkang minulyo
Pemuda masa depan inggih meniko pemuda ingkang sadar bileh ngalam lan kasunyatan urip meniko ilmu saking ngersaning Allah. Sahinggo laku ngelmu kito sedoyo mboten dipun batesi ruang kalean wektu. Keranten sedoyo papan panggenan minongko dados sekolah. Sedoyo kesempatan minongko dados wayah sekolah ugi.

Kanti meniko, dalanipun ngelmu pemuda masa depan inggih meniko mijil saking laku niteni. Mboten rumongso biso, nanging biso rumongso. Rumongso bileh katah piwulangipun urip ingkang kedah estu dipun gatosaken.

Poro rawuh sedoyo ingkang minulyo

Ngelmuning pemuda masa depan mboten namung apalan lan tulisan kemawon. Langkung penting maleh, luninjeh Ngelmu kanti laku. Sehinggo nancep sakjeroning dodo. Langkung-langkung ngelmu ingkang estu migunani, nyawiji kalean gesangipun, luninjeh Ngelmu mbalung sumsum.

Ki Hajar Dewantoro matur: “Ing ngarso, sung tulodo. Ing madyo, mangun karso. Tutwuri Handayani.” Belajar kanti jama’ah. Sedoyo manungso sami sinau. Kang tuo paring tulodo, Kang madyo tegesipun pemuda, mbagun. Lan ingkang yunior nderek lampah ingkang sae.




Poro rawuh sedoyo ingkang minulyo

Ngelmuning pemuda masa depan inggih meniko hanggayuh pakerti ingkang utomo. Keranten akhlakul karimah meniko estu tujuanipun tiyang ngambah dalaning ngelmu. Kados risalahipun Kanjeng Nabi ingkang ngikroraken:
انما بعثت لأتمم مكارم الأخلاق
Poro leluhur ugi sampun paring pitutur: Ajining rogo, ono ing busono. Ajining diri, ono ing lati. Dados mboten namung urusan akal kemawon, nanging ugi ati. Kados petuah, Gusti iku dumunung ana atining manungso kang becik, Mulo iku diarani Gusti. Bagusing Ati. Milo meniko laku ngelmuning pemuda amsa depan luninjeh netepi laku Nglurug tanpo bolo, Sugih tanpo bondo, Sekti tanpo aji, Menang tanpo ngasorake. Ati ingkang mulyo. Akhlak ingkang utomo. Sehinggo dados manungso ingkang biso prihatin, sajroning bungah. Lan biso bungah, sajroning prihatin.

Mumpung enom monggo sami ngudi laku ingkang utomo. Meniko ingkang saghed kawulo aturaken. Mugi Gusti Alloh paring hidayah lan taufiqipun kagem kito sedoyo. Wa billahit taufiq wal hidayah. War ridho wal inayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Komentar

Related stories